Rabu, 09 November 2011

Hari Pahlawan



Kabeh rakyat Indonesia wis padha nyumurupi, yen pucaking semangat heroisme ( kepahlawanane ) arek- arek Surabaya, yaiku ing tanggal 10 Nopember 1945 dene salah sijine pemimpin kita sing wis misuwur keconggah nggugah lan ngunggar semangate rakyat nalika semana, ora liya ya Bung Tomo. Mulane tanggal 10 Nopember kasebut, secara nasional didadekake HARI PAHLAWAN sing kita pengeti saben taun. Ewasemono kita ora bisa selak, yen “insiden bendera” kang klakon ing Hotel Yamato ( Hotel Orange ) lan serangane rakyat menyang Gedhong Kempetai Jepang Surabaya ing tanggal 1 Oktober 1945, tetela mujudake pawitan utawa kanggo ngadhepi prastawa 10 Nopember 1945 kasebut jalaran tekade rakyat nalika iku pancen akeh dilandhesi dening semangat patriotik prastawa prastawa kang andhisiki, yaiku semangat rila ndhepani bantala, ngrungkebi negara lan bangsa, merga suthik dijajah maneh.

Panjebar Semangat No. 45 edisi 9 Nopember 1985

Tidak ada komentar:

Posting Komentar