Jumat, 14 Oktober 2011

Gathutkaca

Yen wis ngegarake sampur kaya ngene, Raden Gathutkaca wis siap ngambah gegana. Lan yen lagi krudha, sapa bae kang gawe rubedaning negara lan nyambekalani bakal digebug wani sarana tandange kang cukat, trengginas sarta trampil ing ulah kridaning yudha. Nanging sapa ngira , yen Gathutkaca ing gambar samak iki salugune calon Ibu Guru kang nembe sinau ing SPG Negeri I, Jl. Teratai Surabaya. Dene undang-undange cukup mBak Tri ngono wae. Lho lha daleme endi, mBak ? Sing cetha ing tlatah Surabaya.

( Panjebar Semangat No. 39 Tg 28 September 1985 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar